Mendung angendanu ngebaki awang awang kutho Jogja, kang wektu kui wetoro jam 2 awan. Aku kang lagi wae meduk seko kreto jurusan jakarta-jogja amung iso mbatin, "kutho khang tak tinggal sajroning 10 tahun saiki kahanane bedo banget rikolo tak tinggal biyen". Alon alon aku mlaku mengidul ngliwati dalan malioboro kang dek biyen iseh sepi seko kendaraan. Onone becak, andong, pit onthel, sepeda motor kui wae iseh siji loro kang nduweni.
Malioboro kok dadi rame koyo ngene gek neng ndi kui wit witan kang ono tengah dalan kang biyen ngadeg, koyo nantang sopo sing iso ngembrukke wit-witan kui. Nanging saiki malioboro anane amung toko, mall, lan poro pedagang kang ngebaki trotoar pinggir dalan Malioboro. Nanging jaman gelem ra gelem kudu owah, majuning jaman.
Aku kang ora ngerti aku kudu numpak opo yen arep neng desaku, kepekso aku takon marang bapak polisi neng ngarep pos polisi. " nyuwun sewu pak, menawi bade teng ndeso XXX meniko ngagem bis jalur pinter nggih, pak ?", aku takok kanthi ngati ati. "Oooo mas e numpak jalur 4 mawon, mangke mandap wonten prapatan XXX ", pak polisi sajake wong jogja asli, ketero iso boso alus. "Matur nuwun pak.", aku lungo lan age-age numpak bis jalur 4.
Sak dalan-dalan aku namatake kahanan kuthaku kang wes akeh banget bedane. Ora kroso aku kelingan kedadean khang dak alami 10 tahun kepungkur kang ndadekake aku lungo seko desaku. Ora kroso atiku deg-degan gek dekke uwes duwe anak piro yo? Ah, embuh sing penting aku bali arep sowan bapak-ibu wes suwe aku ora sungkem karo penjenengane kekalih, gek ora iso mabayangke kapangku marang bapak kaliyan ibu.
Nanging atiku tetep ora iso nguwali roso kang saiki tak roso awit aku kelingan jamane semono, dek aku iseh SMA. Kenyo kang iso gawe getering atiku, yo kenyo kui katresnanku kang kaping pisan.
"Rika, aku mengko oleh dolan nggonamu ora.?"aku mbengok amargo Rika wes arep metu seko gerbang sekolah. Rika noleh, namatke aku kanthi mripat kang tajem, dewekke mbengok ugo, "oleh kok, jam piro lehmu arep dolan neng nggonaku ?".
Aku mangsuli," mengko bar isyak yo?".
"Yo, mengko tak tunggu", Rika mlayu nututi bis kang biasa di tumpaki.
Wengine aku dandan ben ketok nggantheng neng ngarepe Rika, aku kang biasane ora nganggo wangi-wangi, wengi kui kepekso aku nganggo wewangian nggone mbakyuku. Aku nylih motore masku, yo motor tuwo, nanging cukuplah timbang numpak pit onthel.
Tekan ngarep omahe Rika aku dodok dodok lawang, kahanan omah wektu kui sepi, lampu ngarepan murup nanging ora patio padhang. Lawang di buka, sing mbuka Rika dewe. Pas lawang mbuka aku mambu wangi kembang melati kang ndadekke irungku kembang kempis.
"Ayo mlebu, kok malah ndomblong to.??" Suarane Rika ngagetake aku.
"Eh..ehh?. matur nuwun ..kok sepi Rik..??", aku takon.
?Iyo bapak karo ibu tindak neng suroboyo, soale mbayuku arep ngalirake , dadi yo aku mung di kancani Mbok yem, kui wae wes turu kae?, wangsulane Rika.
Wektu semono Rika nganggo kaos kuning tipis, kathok cekak, ndadekke awak kang weweg cetho, pancen Rika kang ayu, ndadekke atiku kok dadi ora kepenak koyo ngene.
Aku mung iso nglirik kahanan ono ing ngarepku. Rika mesem weruh aku kang ora jenak, amargo seko kahanan kang aku dewe dari ora kepenak. Alon alon Rika nyeraki aku.
"Antok, kok meneng wae to.?" Rika kondo kanthi alus. Aku soyo ora karu-karuan, atiku tambah deg-degan.
"o..o..ora popo kok, Rik", aku wangsulan sak kecekele.
"Rene to rodo cerak rene, ojo adoh adoh, bengi iki kok kroso adem yo?", kandane Rika meneh. Aku ora iso kumecap, awit Rika ngerti ngerti wes ngrangkul aku, lan mepetke awake kang weweg. Dadane Rika kang empug nemplek neng dadaku. Aku ora kroso males rakutane Rika, karo aku ngarasi lambene khan abang, tipis, koyo permen kang manis rasane. Tanganku ugo ora gelem kalah, kanthi cukat trengginas ngelusi dadane Rika. Soyo suwe kahanan kui soyo ndadi. Aku lan Rika wes ora eling meneh kedadeyan sak banjure amargo wes kedereng roso pangsoro kang nikmat ngebaki kabeh awakku lan awake Rika.
Langit wes katon padang amargo srengenge wes ngancik wanci jam 10. Lamat-lamat aku krungu suaranae bocah bocah kang rame. Kriyip-kriyip aku tangi. Lha dalah neng ngendi iki aku? Aku bingung lan ora biso opo-opo. Aku kang turu ono satengahing kuburan di rubung bocah bocah cilik. Banjur klambiku karo kathokku endi? Aku bingung ora iso kumecap, isin, bingung, lan roso kang ora iso tak gambarke campur dadi siji.
Seko kadohan Pak kyai marani aku.
"Le, kowe wes keno godo wewe sing tunggu kuburan iki, mulo kowe kudu ngati-ati yen liwat dalan iki", ujare pak kyai. Aku banjur di terke bali sak wise di ombeni wedang putih seko pak kyai.
Amargo kedadeyan kui aku karo bapak banjur di titipke paklikku neng kutho Jakarta, ben aku ora kelingan terus marang kedadean khan gawe githok mengkirig.
"Prapatan xxx, prapatan xxx,?", bengokke kenek bis kota.
"Kiri mas,..!!" aku age age medun seko bis kota. Selak kangen bapak karo ibuku.
-godril-
Monday, September 19, 2005
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment